Selasa, 14 Desember 2010

Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ing Gamping, Sleman


Upacara tradhisi ing wewengkon Kabupaten Sleman, DIY. Ingkang kelebet aset wisata kathah sanget sajoning setaun. Salah satunggalipun inggih menika Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ingkang mapan ing dhusun Modinan, Banyuraden, Gamping, Sleman. Upacara adat ingkang sampun lumampah atusan taun menika, kasunyatanipun taksih tetep narik kawigatosanipun para sanak kadang saking tlatah pundi kemawon.

Wiwit sonten, wonten sangajengipun dalemipun Mbah Demang sampun kebak tiyang cacah ewon ingkang sami rebat ngajeng saperlu nampi dum-duman kendhi ijo ingkang isinipun sekul gurih mawi lawuhipun ingkang awujud ketan tholo lan gudhangan ingang dipunwungkus ngangge ron pisang.

Saparipurna adicara dum-duman kendhi ijo lajeng dipunadani kirab pusaka saking dalemipun Mbah Juru Permana swargi ( rumiyin minangka abdi dalem saking Kraton Ngayogyakarta ) dhateng dalemipun Mbah Demang Cokrodikromo ing dhusun Modinan. Barisan kirab pusaka dumadi saking barisan cucuk lampah, sesepuh trah, gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, Jodhang sesaji, gunungan, kendhi ijo, sabregada prajurit padhepokan patran lan kagunan slawatan.

Saparipurna acara kirab, lajeng dipunadani srah-srahan gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, lajeng acara nyiprati toya suci, kalajengaken nglepasaken peksi dara. Wonten ing pucuking adicara slawatan, dipunwaosaken donga, lajeng acara siraman ‘trah’ kademangan Modinan kanthi ngangge toya suci ingkang kapendhet saking sumur Mbah Demang. Sasampunipun siraman trah rampung, lajeng gantosan para pengunjung sami rebat biyada saperlu badhe pados toya suci amargi kepengin pikantuk katentreman ing panggesanganipun lan katentreman ing kaluwarganipun.

(Kabesut saking: Panjebar Semangat. No. 14/ 2003. Kanthi ewah-ewahan sawetawis).

Mitos Ratu Kidul dadi pancadan paprentahan ing karaton




Kacihna majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya anyar lan nggawe ”rusake” kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep ngugemi landhesan urip kang gegayutan kalawan anane titah ora kasat mata.
Landhesan urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket gandheng cenenge kalawan kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya. Lire, kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang panguripan ora bisa uwal saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos), keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam datan kasat mata. Salah sijine kapercayan kang dikarepake yaiku wong Jawa, mligine kang urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan yakin yen samodra kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten jero babagan filosofi kebatinan Jawa lan uga adoh saka karaton, Kangjeng Ratu Kidul dianggep sawijining titah badan alus kang wujude kayadene manungsa lan nglenggahi dampar keprabon, nyekel pengauwasa ing segara kidul. Lan isih ana panganggep liya kang wusanane mbabar dadi mitos Kangjeng Ratu Kidul.
Ing buku Mitologi Kanjeng Ratu Kidul, anggitane Y Argo Twikromo, weton Nidia Pustaka, 2006, dijlentrehake filosofi-filosofi kang gegayutan kalawan mitos Kangjeng Ratu Kidul. Miturut andharan ing buku iki, mitologi Kangjeng Ratu Kidul pranyata digunakake kanggo pancadan tumrap panguwasa Karaton Kasultanan Ngayogyakarta (lan uga Karaton Surakarta-red) nalika nglakokake paprentahan. Wong Jawa nganggep manawa donya iku isine ana kang asipat wadag, pisik, bisa didulu mata lan donya kang asipat datan kasat mata, alus, ora bisa didulu mata wantah. Ananging ing donyane wong Jawa, kalorone kang asipat kasat mata lan datan kasat mata iku nyawiji dadi siji. Ing nyawijine ngalam kalorone iku kabeh sesambungan kang asipat antarane siji lan sijine padha-padha mbutuhake lan dibutuhake. Wusanane kabeh nggawe alam dadi tumata. Sesambungane manungsa ing alam kodrati (alam nyata, alam kasat mata) ora dibedakake kalawan titah ing alam adikodrati (alam supranatural, alam datan kasat mata).
Yen dipindeng kanthi srana kaca mata antropologis, mitos Kangjeng Ratu Kidul bisa dianggep minangka cultural universal kang disengkuyung dening sawetara laku budaya utawa cultural activities, kayata labuhan, crita rakyat utawa crita Panembahan Senopati, kegiyatan sosial lan kegiatan lelandhesan keyakinan agama lan maneka laku utawa ritual tradhisi liyane. Babagan iku nuduhake lan aweh tuntunan yen yektine kepriye wong Jawa mindeng mitologi Kangjeng Ratu Kidul ora bisa dipisahake saka laku ritual kang ndhasari utawa dadi panjurunge. Laku-laku kang lelandhesan keyakinan ajaran agama kang gegayutan kalawan Kangjeng Ratu Kidul, mujudake gegambaran alam pikiran lan kapercayane wong Jawa. Adhedhasar apa kang diugemi wong Jawa, mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang urip ing ngalam pikiran lan kapercayan Jawa, digunakake kanggo sesambungan kalawan alam supranatural. Pangajabe supaya donya iki tetep harmonis, imbang lan tansah kalinton kaslametan lan karahayon. Ing bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku ora mung asipat legenda. Tumrap kapercayane saperangan gedhe warga bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku ana tenan. Ananging karana anane alam supranatural tumrap wong Jawa ora bisa dijlentrehake, kaprah sinebut suwung awang-awung, ndadekake anane laku-laku kang lelandhesan keyakinan agama kang ancase ngurmati panguwasa alam supranatural, kayadene Kangjeng Ratu Kidul. Ana candhake.
Keyakinan supranatural sarana ngupadi salarase donya saisine
Mitologi Kangjeng Ratu Kidul nuwuhake kapercayan tumrap wong Jawa yen ing segara utawa samodra kidul ana panguwasa kang asipat supranatural, datan kasat mata.
Kapercayan iku bisa didulu saka laku-laku kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni dening Karaton Ngayogyakarta (apadene Karaton Surakarta) kang ditujokake marang Kangjeng Ratu Kidul. Kanthi laku ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang biyasane mapan ing Parangkusuma iku, sacara mistis Karaton bisa mujudake imbang lan tentreme donya. Yektine, tumrap Karaton Ngayogyakarta (lan Karaton Surakarta) ora bakal bisa netepi kuwajibane yen durung bisa mujudake rasa tentrem ing batin tumrap kabeh rakyat. Rasa tentrem ing batin iku bisa kawujud kanthi laku nyedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kanthi mangkono, maneka rupa laku utawa ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama iku wusanane minangka srana kanggo nggayuh katentreman lan keslametan praja sakrakyate. Ing telenging pikir wong Jawa, raja utawa ratu duwe jejibahan ngayomi rakyate. Karana iku, raja ing Karaton Ngayogyakarta lan Surakarta tansah ngugemi laku kang asipat nyedhak kalawan daya kekuwatan supranatural. Ing bebrayan Jawa, raja iku nyangga godhan yang tanpa wates, mligine kang gegayutan kalawan panguwasane. Sanggan godhan kang asipat tanpa wates iku uga ngandhut tanggung jawab tunggal kang amba kanggo njaga murih donya tetep tumata.
Karana iku, raja kudu pinunjul. Lan tumrap wong Jawa, raja iku dianggep dadi siji-sijine paraga kang bisa mbangun lan njaga sesambungan antarane alam kodrati (kasat mata) lan alam adikodrati (datan kasat mata). Iki kang dadi pawadan ing budaya Jawa raja utawa ratu iku dianggep duwe panguwasa kang tanpa wates lan panguwasane iku ora bisa diatur kanthi cara-cara kang kaprah ing ngalam donya iki. Rakyat dhewe uga duwe pangarep-arep raja utawa ratu bisa ngrampungi sakabehing rubeda kang tuwuh saka alam kanthi srana kekuwatan gaib kang diduweni. Upaya ngugemi mitologi Kangjeng Ratu Kidul iki pranyata ora mung dilakoni dening raja utawa sentana dalem ing Karaton. Para warga bebrayan ing tlatah Yogyakarta (lan Solo) uga duwe cara dhewe kanggo ngugemi keyakinan babagan Kangjeng Ratu Kidul iki. Mitologi Kangjeng Ratu Kidul dadi sarana kanggo tumindak lan nyawiji marang alam. Iku amarga saperangan gedhe warga bebrayan duwe keyakinan religius kang padha, magepokan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul. Laku lelandhesan keyakinan agama gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang dilakoni warga bebrayan racake ora padha kalawan kang dilakoni pehak Karaton. Ananging kalorone bisa lumaku bareng lan nyawiji kanggo mujudake katentreman ing donya.
Lan ing kabudayane wong Jawa (ing dhudhahan buku iki ateges tlatah Yogyakarta lan Solo-red) Karaton menjila dadi punjere kosmis kang asipat keramat. Sacara mistis dununge Karaton duwe gandheng ceneng rapet kalawan karaton-karaton asipat supranatural kang ana ing sakupenge. Karaton-karaton asipat supranatural iku kayadene Karaton Segara Kidul, Karaton Merapi, Kayangan nDlepih lan Karaton Lawu. Karaton-karaton iku mujudake lima karaton kang asipat keramat lan tansah sesambungan antarane siji lan sijine. Kalimane bisa nyawiji lan mbangun tatanan donya kang tumata. Sesambungan antarane karaton-karaton iku asipat kayadene kulawarga lan sakabat. Wangunan kapercayan bebrayan Jawa kang bisa uga ditegesi agama Jawa, sejatine luwih ngeboti babagan katentreman batin, jumbuhe ngalam kodrati lan adikodrati lan imbang antarane kabeh isining ngalam. Pawadan iki, laku-laku ritual lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul digunakake kanggo ngupadi rasa tentrem, jumbuh lan salarase kabeh isining ngalam lan imbange donya saisine.

SEKATEN










SEKATEN
(Syahadatain)

Pangetan sekaten ingkang dipunkawontenaken saben warsa ing keraton Surakarta ingkang awujud Mikul Dhuwur Mendhem Jero saking keraton ingkang dipuntujukaken kagem perjuanganipun wali sanga ingkang sampun kasil nyebaraken tuntunan  Nabi Muhammad SAW. Kangge kawigatosan dakwah, dening para wali ing Demak, miyosipun Nabi punika dipunpangeti satunggal minggu, saking tanggal 5-15 Rabingulawal, pangetan punika dipunwastani Maulid Nabi, ananging saking para wali dipunwastani sekaten asalipun saking tembung syahadatain  (dua kalimat Syahadat, yakni persaksian manusia muslim bahwa Tida Tuhan selain Allah dan Nabi Muhammad adalah  Utusan Allah).
TUNTUNAN
Sekaten dipunkawontenaken kangge pangormatan miyosipun tuntunan kangge manungsa, inkang kedah dipunrungokake ing pelosok masyarakat ngantos sadhangunipun. Masyarakat ingkang rawuh wonten ing sekatenan punika boten namung kepengin pikanthuk berkah saking tuntunan punika ingkang buktinipun kauripan manungsa punika saged bungah lair lan bator.
Semangat pangetan sekaten boten namung pangetan kangge manungsa ingkang tujuanipun kangge ajen-inajen, ngaken idenipun piyantun sanes ngaken kaluputan ingkang legawa ugi nrima kemenangan punika ngangge raos syukur, takwa, ugi boten takabur.
Salersipun, piyantun-piyantun ingkang ngrawuhi sekaten punika dhasaripun piyantun ingkang kersa dipunatur mawi tuntunan, ngrungkebi Budi Suci lan “menghambakan diri” dhumateng Gusti ingkang akarya jagad nuju manungsa sejatos ingkang dipunkarepaken dening para wali.


paribasan loh

PARIBASAN-BEBASAN-SALOKA

DENING: MUTAQIN (GURU SMP 2 PAMOTAN REMBANG)

Adhang-adhang tetesing bun = ngarep-arep sih utawa pawewehing liyan.
Adigang, adigung, adiguna = ngedir-edirake kekuwatane (panguwasane), kaluhurane lan kagunane (kapinterane).
Adol lenga kari busik = wong dundum, nanging awake dhewe ora kepanduman.
Aji-aji wringin sungsang = kkalebet jinising aji-aji ingkang murugaken digdaya.
Ana catur mungkur = ora gelem ngrungokake (ngombyongi) rerasaning liyan kang bisa uga njlari tuwuhing padudon utawa regejegan.
Anak-anakan timun = ngopeni lare (limrahipun lare estri), sareng sampun diwasa dipun alap dados bojonipun piyambak.
Ancik-ancik pucuking eri = tansah ngandhut kuwater, amarga ora oleh atine wong kang dikawulani, ora oleh atine panggedhene lsp.
Andaka ketaman wisaya (tegese lugu : banting kena ing pasangan utawa piranti) = Wong prakaran, bareng rumangsa bakal kalah banjur lunga (minggat).
Angon ulat ngumbar tangan = maspaosaken ulatipun tiyang manawi limpe badhe dipun kutil barangipun.
Asu belang kalung uwang = wong asor, nanging sugih.
Asu gedhe menang kerahe = wong kuwasa (panggedhe) yen prakaran karo wong cilik, sanajan sing bener wonge cilik, lumrahe sing menang (dimenangake) wonge gedhe.
Asu munggah ing papahan = ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa. (Papahan = paga).
Atine landhep dhengkul Sn = manahipun kethul (welu) sanget.
Awak pendhek budi ciblek = rupinipun awon, manahipun inggih awon.
Bahni nempuh warih (Tegese lugu : geni nrajang banyu) = wong gugat-ginugat, sawise diadili wong prakaran salah siji banjur nggugat marang jaksa utawa pangadilan kang ngadili.
Bahni nempuh warih = wong prakaran, sawise diputus prakarane dening pangadilan, wong kang prakaran salah siji banjur nggugat marang jeksa utawa hakim kang ngadili. Bahni = geni. Warih = banyu.
Balung peking = balung alit. Entar : tiyang sekeng.
Bambon = panggenan panyadean candu, utawi : papan panyeretan.
Banyak-dhalang, sawung-galing, ardawalika = namaning upacara kaprabon awujud wadhah pinetha banyak-mas, sawung-mas, sawer-mas.(ardawalika = peparabipun ratu ing Malawa awujud naga).Mas N = jene K.
Bathang lelaku = wong siji lelungan ngambah dalan kang mbebayani (kang bisa uga njalari patine). Yen wong loro ditembungake "Bathang uca-ucap" (saupama sing siji mati sijine sing ngabar-ngabarake) Yen wong telu "Gotong mayit" (saupama sing siji mati sing loro nggotong).
Bathok bolu isi madu = wong asor, nanging sugih kaluwihan (kapinteran). Bathok bolu = bathok kang mawa bolongan telu.
Bau kapine (bau kapini) = mbedak-mbedakaken sadherek satunggal kaliyan satunggalipun, botenadil, ilon-ilonen. Kapine = dipun beda.
Bausastra = kamus, buku ingkang ngewrat tegesipun tembung-tembung.
Bebek diwuruki nglangi = tiyang sampun wasis dipun-wuruki.
Bebek mungsuh mliwis = tiyang pinter lelawanan kaliyan tiyang pinter, ingkang satunggal kawon ubed (kawon prigel). (Bebek kaliyan mliwis samidene wasis nglangi, nanging panglanginippun mliwis langkung prigel).
Bebek mungsuh mliwis = wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah prigel, kalah kulina. (Mliwis luwih wasis nglangi tinimbang bebek).
Belo milu seton = milu ing grubyug, nanging ora weruh ing rembug. Seton = watangan (gladhen perang ulah kaprajuritan sarana watang) ing dino setu, para prajurit kang gladhen perang padha nunggang jaran, tarkadhang ana belo kang nginthil.
Beras wutah arang mulih marang takere = samubarang kang wis owah, langka bisa pulih kaya maune.
Bisa ngrangkani kudhi = bisa momong wong kang angel banget sraten-sratenane.
Blandaring griyanipun sinangga ing bau-dhayang = sinangga ing krebil. Bau-dhanyang punika tumanceb ing saka lan nyanggi blandar utawi pangered.
Blilu tau, pinter durung nglakoni = sanajan bodho, sarehne wis tau nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang karo wong sing pinter durung tau nindakake.
Bremara amangun lingga (tegese lugu : kombang ngrenggo salira ) = priya mamerake baguse utawa kaluwihane ana ing sangarepe wanita.
Bung pring petung = bocah kang walagang banget (longgor, gelis gedhe).
Busuk ketekuk, pinter keblinger = Sing bodho nglamai cilaka marga saka ora ngretine, sing pinter saka kurang wewekane.
Cacah sirah = petungan kehe barang kang anyawa tanpa ngelingi gedhe-ciliking barang kang dietung.
Cebol nggayuh lintang = wong sekeng darbe panggayuh gedhe, tangeh kasembadange.
Cengkir ketindhihan kiring = wong kang kalah prabawa dening kalah tuwa, kalah pangalaman. Uga kateges : wong kapengin omah-omah, nanging kapeksa dhurung bisa, amarga kepalangan sadulure kang luwih tuwa durung omah-omah.
Cincing-cincing klebus = ngirit-irit dadi ngorot-orot.
Cocak nguntal elo = tiyang gadhah panjangka ingkang boten majad kaliyan kekiyatanipun (tiyang sekeng gadhah panjangka ageng).
Criwis cawis = (diprentah) ing lair wegah, lan mbantah (madoni), nanging ing batin sumadhiya nedya nindakake, lan wasanane iya tumindak temenan.
Cuplak andheng-andheng ora prenah panggonane = sanak (sadulur, mitra) kang ngalan-alane prayoga disingkirake.
Dahat kalingga murda = saklangkung kapundhi ing mustaka.
Dakdhodhoge lawange, dakkinange jambe-suruhe = aku kang bakal nglantarake rembugmu marang dheweke, maksude : aku kang bakal nglamarake.
Dara gepak = (leresipun : widara gepak) = wangunipun griya jawi awujud griya kampung ngangge emper mubeng.
Dawa tangane = clemer, climut, purun mendhet darbekipun tiyang sanes.
Dhalang krubuhan panggung = wong kang kuweleh gorohe (kuwiyak alane), banjur mak cep-klakep ora wani nyuwara maneh. Pepindhane kaya dhalang kang lagi pocapan (carita), dumadakan panggungge ambruk ngebruki awake dhalang iku.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = (Tiyang) ingkang awon (lepat) dipun criyosaken sae (leres), ingkang sae (leres) dipun - criyosaken awon (lepat).
Dhanyang iku dhemit kang mbau-reksa panggonan = ingkang manggen, ngreksa lan nguwaosi.
Dhengkul iket-iketan = tiyang boten cakep (bodho)dipun dadosaken priyantun (jalaran kecelak kaliyan panginggilan).
Dicekoki indhing = wong lanang kang mung tansah nut miturut marng kareping bojone. Indhing = caweting pawadonan (nalikane wong wadon nggarap sari).
Dicuthat kaya cacing = ditundung ( dikon lunga) kanthi cara kang banget siya. Dicuthat = dicuthik banjur dibuwang sarana dikipatake.
Dijateni = dipun-blakani, dipun-criyosi ingkang sanyatanipun.
Dijuju kaya manuk = dipun-uja tedhanipun.
Disigar semangka = dipun palih byak, dipun-palih ingkang sami agengipun utawi jembaripun.
Ditangani = dipun pisakit sarana tangan, kadosta dipun-tempiling.
Diulungake endhase digondheli buntute = nedya menehi, nanging ing batin isih owel, mulane ora sida diulungake.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = wong liya, nanging yen wong iku nganti nandhang ora kepenak, mesthi dibelani.
Dudutan lan anculan = wong loro kang wis padha kekethekan. Anculan = memeden ing sawah saka cumplung lan gombalan pinetha wong-wongan, dienggo medeni ama (manuk). Dudutan = piranti awujud tali dienggo ndudut (ngobah ake) anculan.
Durjana matiraga (tegese lugu : maling tirakat) = wong ala atekad pati.
Durung ilang pupu lempuyane = dipadhakake bocah cilik kang durung ialng pupuk lempuyange (embun-embunane isih kudu mawa pupuk lempuyang)
Durung kebak keselak jujul = durung akeh kawruhe, kepengin pamer.
Durung pecus keselak besus = durung sembada, wis kepengin sing neka-neka, kayata kepengin omah-omah (jejodhoan).
Emban cindhe emban siladan = ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine (sanajan padha dene sadulur, padha dene murid lsp). Siladan = irat-iratan pring (penjalin).
Endhas dienggo sikil, sikil dienggo endhas = mangupajiwa (nyambut-damel) ingkang kanthi rekaos sanget.
Endhas digawe sikil,sikil digawe endhas = nyambut gawe (mangupajiwa) kang kanthi rekasa banget.
Endhas gundhul dikepeti = wis kapenak uripe saya diwuwuhi kapenake.
Endhasing kali = peranganing kali kang cedhak karo etuke.
Endhog sapatarangan, pecah siji pecah kabeh = tiyang sawatawis (kathah) ingkang sampun sami patembayan nedya sabaya-pejah.
Enya dhadha endi rai = (Ukara panantang) ayo padha adu arep, aja kedumelan (grenengan) ana ing buri.
Gagak lincak = (tiyang ingkang ) wongsal-wangsul pindhah panggenan.
Gagak nganggo elaring merak = wong asor kang caraning uripe (nyandhang-manganggone lsp.) niru wong gedhe.
Gagak nganggo elaring merak = wong cilik (wong asor) kang caraning uripe niru wong gedhe.
Gagak nganggo laring merak = Tiyang asor, caraning gesangipun kados tiyang ageng.
Gajah marani wantilan = kutuk marani sunduk = Ula marani gitik = wong kang sengaja marani bebaya. Wantilan = (pathok) panancangan gajah.
Gajah meta cinancang wit sidaguri, patine cinekar ngayam = Kraman aran Dirana (anaking sratine gajah aran Dirada) kepikut, dicancang ing wit sidaguri, wasanane tumeka ing pati dirampog sarana dicocogi dom.
Gajah ngidak rapah = wong kang nerak wewalere dhewe. Rapah = gegodhongan lan rerencekan kang mblasah ing lemah.
Gajah tumbuk kancil mati ing tengah = wong gedhe pasulayan karo wong gedhe, wong cilik kang ngalami cilaka.
Gambret singang, mrekatak ora ana sing ngeneni = prawan kenes ora payu laki, amerga ora ana pria (jejaka) kang gelem ngrabi. Gambret = kenes. Nggambret = ngganda wangi.
Gawe luwangan, ngurugi luwangan = golek utangan anyar dienggo nyaur utange lawas.
Gedhe endhase = kumlungkung, gumendhung, angkuh, ngedir-edirake, kibir, ujubriya.
Giri lusi janma tan kena ingina = salagine lusi (cacing) bisa nggremet tekan giri (gunung), apa maneh manungsa, saya ora kena diina.
Glathik sakurungan = tiyang sawatawis (kathah) sampun nunggil pikajengan.
Godhonge legen wis kumrambut = wis meh kenthel, yen dicidhuk katon mulur pating klewer kaya rambut.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru = mbutuhake barang, nembung nyilih (njaluk) marang liyan, nanging sing ditembungi uga mbutuhake barang iku, lan lagi arep nyilih (njaluk) marang liyan.
Gondhelan kolor kathok = wong wadon kang wegah pisah karo sing lanang.
Gondhelan poncoting tapih = wong lanang kang wegah pisah karo rabine.
Gong lumaku tinabuh = wong kang kumudu-kudu ditakoni.
Gong muni sasele = mriksa prakara mung sarana ngrungokake paturane wong siji, wong sijine (lawanane prakaran) tanpa dititi-priksa.
Gora getih nemu riris (tegese lugu : getih gedhe nemu udan) = wong kerengan ana ing panggonaning liyan nganti ketaton lan ngetokake getih akeh, bareng wong kang duwe panggonan(omah) nedya misah milu ketaton.
Griyanipun ngglatik mungup = griyanipun apayon gendheng (awarni abrit), payonipun ing sisih ngajeng seng (awarni pethak), dados sipatipun kados cucukipun glathik.
Idu didilat maneh = nyeled kesaguhan, njabel janji kang wis dilairake.
Jago adon N = sawung abenan K = sawung ingkang dipuneben.
Jago godhogan = sawung belehan ; entar : tiyang jirihan.
Jago kate wanine ana ing omahe = tiyang jirih (alitan manah), boten wani ngetohaken jiwa-raga labet nusa-bangsa.
Jago mlile = sawung ingkang boten wani kaliyan babon.
Jaran krubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok), amarga wis tau ngalami sangsara.
Jati ketlusuban ruyung = gegolongane wong becik klebon wong ala watake. Utawa gegolongane wong becik klebon telik.
Jati ketlusuban ruyung = I klebetan telik. II Gegolonganipun tetiyang sae klebetan (kecampuran) tiyang awon.
Jumambak manak, jumebeng meteng = wong wadon kang kerep banget duwe anak; saben rambute anake wis jumebeng (meh jumambak), dheweke meteng, tumekaning rambute anake jumambak, dheweke manak.
Kacang tinggal lanjaran = wong kang kaanane ora kaya wong tuwane, kayata : anake wong awatak asor dadi luhur ing budi, anake wong jirih dadi kendel, utawa kosok baline.
Kadang konang = kang diaku sadulur mung kang kasinungan kaluwihan, kayata : sing sugih, sing dadi priyayi lsp.
Karang-ulu (tegese lugu :papan sirah, panggonan sirah) = kajang sirah , bantal.
Kari pinjung = wong wadon kang olehe nglabuhi guru lakine nganti mlarat anget. Pinjung = tapih. Pinjungan = tapihan kang poncoting jarit ing sisih dhuwur dilangkip dienggo nutupi susu.
Katepang ngrangsang gunung = wong kang kegedhen panjangka. Katepang = jinise krokot kang lumrahe mrambat ing wit, godhonge bunder-bunder.
Kawuk ora weruh marang salirane = nacad marang liyan ora ngrumangsani yen awake dhewe luwih gedhe cacade tinimbang wong kang dicacad. Kawuk = salira tuwa.
Kawuk ora weruh marang salirane = nacad tiyang sanes, boten mangretos bilih badanipun piyambak langkung awon tinimbang kaliyan tiyang ingkang dipun cacad. Salira = menyawak. Kawuk = salira ingkang sampun sepuh.
Kebat kliwat, gancang pincang = yen olehe nindakake kanthi rerikatan (kesusu), adate wohe ora kebeneran (ora maremake).
Kebo mulih ing kandhange = pangkat kang oncat saka sawijining waris (pangkat kang kegayuhe sarana pilihan kayata lurah), wasanane bisa bali marang waris iku maneh.
Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Kedhep tesmak = ora kedhep-kedhep panyawange.
Kegedhen endhas kurang utek = keladuk panjangkane (ora timbang karo kaanane).
Kekudhung walulang macan = nganggo aling-aling panggedhe (wong kang darbe panguasa), supaya gampang kalakone kang sinedya.
Kelacak kepathak = wis terang banget kaluputane nganti ora bakal bisa mungkir, amarga wis kebukten lacak lan pathake kewan kang ilang.
Kemladheyan ngajak sempal = sadherek ingkang ngajak karisakan.
kemladheyan ngajak sempal = sanak (sadulur, mitra) kang ngajak karusakan.
Kemladheyan ngajak sempal = sanak -sadulur kang ngajak karusakan.
Kendhangan dhengkul = namung kantun seneng-seneng, ngeca-eca.
Kendhit mimang kadang dewa = kalis ing bebaya (boten saged ketaman pangrenahing mengsah). Mimang = oyod wringin, asring kangge nullak bebaya sarana dipun-kendhitaken.
Kendhit mimang, kadang dewa = luput ing pangrenah/pialaning liyan, kalis ing bebaya, paekaning mungsuh ora bisa tumama. Mimang = oyod wringin (sok dienggo nulak bebaya sarana dikendhitake).
Kenes ora ethes = wanita (pemudhi) sugih umuk, toging endon ora bisa mrantasi gawe.
Kepala desa N = kepala dhusun K = lurah dhusun, pangagenging dhusun.
Kepara-kepere = ora padha pangedume, ana sing kaduk lan ana sing kesethithiken.
Kerigen sacindhile abang, caweta sawadone = wadya balamu wetokna kabeh tekan bocah-bocah pisan, dalasan wong-wonge wadon konen padha cawetan melu lumawan.
Kerot ora duwe untu = darbe panjangka utawa kepengin ada-ada, nanging ora duwe sarana (ora duwe wragad).
Kesasaban tapih = wong lanang kang sarwa kalah karo sing wadon.
Kethek saranggon = wong ala sagrombolan, utawa : wong sasanak-sadulur padha dadi wong ala kabeh.
Kuncung nganti gelung = wiwit isih bocah cilik nganti tumekake diwasa.
Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul = kang becik dikandhakake ala , kang ala dikandhakake becik.
Kuru semangka = lemu sanget (ngantos badanipun prsasat boten wonten peranganipun ingkang menggik. Semangka punika boten wonten menggikipun).
Kurung munggah lumbung = garwa klangenan (selir) didadekake garwa padmi.
Kutuk marani sunduk = wong kang njarak marang kacilakan.
Lahang karoban manis = (Tegese lugu : legen kebanjiran memanis) = rupane ayu utawa bagus tur luhur bebudene.
Lawanan banda = memungsuhan karo wong kang lagi apes, pepindhane kaya wong pancakara karo wong kang tangane dibanda.
Lelancuring praja = tetunggulipun tiyang sanagari. (Lancur = laring buntut sawung).
Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok = bocah wadon ditari laki ing sakawit mopo, wasanane gelem, malah klakon duwe anak (ngumbah popok)
Macan guguh = wong gedhe sanajan wis ilang panguwasane meksa isih katon mrebawa. Guguh = wis entek untune.
Madu balung tanpa isi = regejegan pepadon prakara sapele (Madu = am + padu).
Madu balung tanpa isi = regejegan pepadon prakara sapele.
Malik klambi = mbalik ngiloni mungsuh.
Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane = samukawis ingkang nyalawados kedah dipun- kawekani.
Manuk mencok dudu pencokane,rupa dudu rupane = samubarang kang nyalawadi kudu dikawekani.
Manuk peking = 1. jinisipun peksi emprit alit. II. Entar : tiyang sekeng (ringkih , mlarat).
Mbidhung api rowang = salugune nedya mbidhung, nanging api-api tetulung.
Merang lengen = ngungasaken kadigdayanipun. Ing jaman miyen limrah tiyang mameraken kadigdayanipun sarana merang lengnipun ingkang bpoten pasah dedamel. Merang = am+perang.
Nabok nyilih tangan = namakake panggawe ala sarana kongkonan.
Nabok nyilih tangan = namakaken pandamel awon sarana kengkenan.
Netra kepala = mripat limrah ingkang katingal ing sirah, kosok-wangsulipun :netra pramana, mripat ingkang boten katingal, mripat batos.
Ngagar metu kawul = nggegasah (ngojok=ojoki murih dadine pasulayan), nanging kang digegasah ora pasah.
Ngangsu banyu ing kranjang = maguru, sawise oleh ngelmu, ngelmu oleh-olehane maguru ora dipigunakake.
Ngarangulu = ngalap warandha tilas bojonipun sadherek sepuh.
Ngaub awar-awar = ngenger utawi ngawula dhateng tiyang sekeng , tiyang ingkang boten sugih utawi ingkang boten gadhah panguwaos.
Ngaup awar-awar = ngawula utawa ngayom marang wong mlarat utawa wong ora duwe panguwasa. Awar-awar = jinise tetuwuhan cilik kang godhonge ora ngrembuyung.
Ngendhat tali murda = nglalu pati sarana nggantung.
Nggagaki (Nggagoki) = mendhet lan nedha sajen.
Nggegalak racak, nenangi kemreki, ngungkat-ungkat singgat = nggugah kekarepan ala.
Nggoleki tapake kuntul nglayang = nggoleki nyawa kang wis oncat saka raga.
Nggutuk lor kena kidul = ngandhani (mituturi) sarana ditibakake wong liya.
Ngiket-iketi dhengkul (Ngopyahi dhengkul, nasabi dhengkul) = mikantukaken sanak sadherekipun piyambak (mitranipun piyambak, golonganipun piyambak).
Ngiras-ngirus = wis mangan sarana njupuk nganggo tangan saka ing wadhahe, ndadak banjur nyidhuk sarana irus. Maksude : nindakake pagawean kang baku lan uga pagawean liyane. Tuladhange : Nglakoni ayahan nagara menyang Jakarta, ngiras- ngirus (nyambi) niliki anake kang ana ing kana.
Ngirit-irit dadi ngorot-orot = niyate ngirit sarana ngetokake wragad (dhuwit) saka sathithik, nanging wasanane mandar saya luwih akih wragad kang diwetokake.
Nglancipi singating andaka = wewadul marang panggedhe, supaya nibakake deduka marang wong kang diwadulake. (Andaka = bantheng, nandaka, angun-angun).
Nglangkahi oyod mimang = bingung.
Nglungguhi klasa gumelar = mung kari nemu kepenake, kabeh-kabeh wis sarwa samekta.
Ngopyahi dhengkul/Ngiket-iketi dhengkul/Nasabi dhengkul = mikolehake sadulure dhewe.
Ngregem kemarung = momong wong kang angel wewatakane (bisa uga njalari cilaka). Kemarung = erining gembolo.
Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ana ing panggonan kang tentrem.
Ngudang siyunge Bathara Kala = nantang sudukan. Sudukan iku sarana keris. Mulane wong nantang sudukan ditembungake "Ngudang siyunge Bathara Kala", amarga miturut caritane padhalangan siyunge Bathara Kala dijabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi keris, jenege keris Kalanadhah, tegese : keris kang kadadean saka pirantine Nadhah Bathara Kala. (Nadhah = mangan).
Nguthik-uthik macan dhedhe = ganggu-gawe marang wong kang wis lilih nepsune. Dhedhe = kekaring ing panasan.
Nguyang lara nggenjah pati = njarag ngalami cilaka, bisa uga njalari tumeka ing pati. Nguyang = lunga menyang panggonan liya prelu tuku pari. Nggenjah pati = ngenggalake pati.
Nini-nini paes = nganyarake barang kang wis lawas, wis rusak lan wis ala.
Nitipake daging saerep = tetembungane wong masrahake anake wadon marang priya kang ngalap bojo. Saerep = salapis, sairis.
Njagakake endhoge si blorok = njagakaken (ngendel-endelaken) punapa-punapa ingkang dereng kantenan.
Njagoni (njagoi) = mbotohi.
Nucuk ngiberake = (Tamu) dipun-segah, sampun nedha wonten ing griyanipun ingkang dipun-tamoni, mantukipun mbrekat.
Nucuk ngiberake = wong disuguh, sawise mangan sacukupe, banjur mulihe mbrekat. Pepindhane manuk neba, sawise mangan ngenggon, banjur nggawa mulih panunggalane kang dipangan.
Nututi balang wis tiba = nusuli tetmbungan (kasaguhan) kang wis dilairake marang liyan, nusuli rembug anyar.
Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang wis rusak banget, sing sawise didandani, ora antara suwe banjur rusak maneh lan banjur dibuwang.
Nyempal sambi mncal = wong ngawula minggat kanthi nggawa barang - barange wong kang dikawulani. Prahu mancal = mangkat lelayaran, kosok-baline : prahu labuh.
Nyered pring saka pucuk = nggarap pagawean kanthi cara kang kliru, satemah pagawean kang pancene gampang panggarape banjur dadi angel.
Nyugokake bugel kayu sempu = ngajokake (njagokake) wong kang kurang kapinterane, amarga wong iku isih mabu sadulur utawa mitra sinarawedi.
Nyunggi lumpang kentheng = ngrabi wanita atmajane wong gedhe (wong kuwasa) kanthi maksud supaya antuk pangayoman, nanging pangayoman kang ditampa ora sumbut karo aboting tanggungane. (Lumpang kentheng = lumpang watu gedhe).
Obah ngarep kobet buri = yen wong sing dadi pangarep (kepala) gelem tumindak kanthi kemempengan utawa gelem ada-ada, para andhahane mesthi niru kaya mangkono.
Olehe jenthik arep dijempol = (barang) anggenipun nedha badhe dipun-tedha.
Opor bebek mateng awake dhewek = (Tiyang ingkang ) saged mentas saking kaskayanipun piyambak. (Saged madeg piyambak tanpa pitulunganipun tiyang sanes).
Ora ganja ora unus = ora ana pepethingane babar pisan (ora nduweni kaluwihan apa-apa. Ora bandha, ora pinter, ora luhur ing budi).
Ora gembung ora irung = mlarat sanget, boten gadhah punapa-punapa.
Ora kena kepidak ayang-ayangane = angkuh sanget, ladak sanget.
Ora keris nanging keras = ora pinter (ora cakep), nanging bisa gawe gelar kang njalari kapracayaning liyan.
Ora ketang suku jaja teken janggut = sanajan kanthi rekaos sanget meksa dipun-lampahi.
Ora thothok-jawil = ora ngabari lan ora njaluk rembug marang wong kang pantes dijaluki pamrayoga.
Ora uwur ora sembur = ora mwnehi pawitan awujud bandha lan ora menehi iguh pratikel kanggo sanguning urip madeg dhewe.
Pagawean bausuku = padamelan angkat-junjung , padamelan kasar.
Pajeg pasirah = pajeg kepala, pajeg kang tumrap kabeh wong.
Pandhita endhog (pandhitaning antelu, pandhitaning antiga) = tiyang ingkang katingalipun (ing lair) suci, nanging batosipun boten suci. (Antelu = antiga, endhog N, tigan K).
Pangulu landrat = pangulu warganing pangadilan landrat ingkang kuwajiban nyumpah lsp.
Panguluning agama = pangagengipun agami.
Payung bebek = Caping bebek = payung (caping) ingkang kadamel saking blarak, gebang utawi clumpring bambu.
Peking abuntut bedhug = prakawis alit tundonipun lajeng dados (nuwunaken) prakawis ageng. (Emprit abuntut bedhug).
Pidak padarakan cekel longaning bale = tiyang ingkang asor sanget. Cekel = murid utwi baturipun pendhita (Dasamanipun :cantrik, manguyu, jejanggan, uluguntung . Manawi estri:endhang, abet-abet).
Pidak sikil jawil mungkur = tiyang kalih ingkang sampun sami kekethikan.
Pitik trondhol dibubuti = tiyang mlarat dipun-rog (dipun kuras) barang-darbekipun.
Pitik trondhol dibubuti wulune = wong mlarat dikuras barang darbeke.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan = tiyang kacingkrangan dipun-pitados nyepeng (simpen) yatra utawi rumeksa barang-barang.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong kekurangan dipracaya nyekel dhuwit utawa dipracaya rumeksa rajabrana.
Pokrul bambu = pokrul ingkang boten wedalan saking pamulanganluhur. Lacuting ginem dipun-tembungaken ,,pokrul bambu apus". (apus = namanipun bambu ingkang kenging dipun-engge kelat utawi tangsul. Apus = tangsul). Pokrul = juru mbombong (ngembani) prakawis wonten ing pangadilan.
Praja kabalimurda (tegese lugu : nagara kasungsang sirahe) = ratu nggugat wong cilik utawa rakyat.
Pupur sawise benjut = olehe weweka sawise ngalami kapitunan utawa panandhang.
Ramban - ramban tanggung =ngembet wong (narka, ndakwa),nanging ora bisa mratelakake jenenge wong kang diembet
Ratu agung anyakrawati abau-dhendha = Ratu ageng mangreh jagat alengen gada. Maksudipun : Ratu ingkang kawaos sanget.Cakrawartti (cakrawartin) JK = ing padhalangan : cakrawati, anyakrawati) = ingkang ngubengaken jagat, ingkang mangreh (nguwaosi) jagat.
Sadumuk bathuk, sanyari bumi = pepadon prakaralemah utawa wanita, lumrah dilabuhi nganti tumeka ing pati.
Sanggar waringin = saged asung pangayoman dhateng kadangkadeyan.
Sarambut pinara pitu, sarambut pinara sewu, sarema pinara sasra = pepindhane barang kang lembut banget, dienggo mbangetake surasa.
Saron peking = saron alit, saron panacah, saron panitir, centhe.
Saur manuk = saur peksi K = saur kukila Kw = mangsuli boten sesarengan.
Sedhakep asuku tunggal, nutupi babahan hawa sesanga = tanganipun sedhakep, sukunipun dipun dadosaken satunggal (dipun-dhempetaken),
Sedhakep ngawe-awe = sampun mbucal pakaremanipun awon, nanging batos taksih kapengin nindakaken malih.
Sedhakep ngawe-awe = wis mareni pakaremane ala, nanging ing batin isih kapengin nindakake.
Semangka jingga = semangka ingkang ing nglebet / dagingipun awarni abrit.
Semut ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.
Setan nunggang gajah = wong kang mung murih kapenake dhewe bae.
Singa papa ngulati mangsa (tegese lugu : singa sangsara golek memangsan) = wong gedhe kang uripe kecingkrangan (rusak ekonomine) menyang desa ing adesa ngupaya kabutuhan.
Singidan nemu macan = kanthi dhedhemitan ngambah dalan kang kiwa (supaya aja nganti ana wong sing ngreti), nanging malah kawruhan panggedene.
Suduk gunting tatu loro = tumindak ing gawe sapisan kang ora kabeneran, njalari kapitunan rong warna.
Sukunipun (lampahipun) impur = manawi mlampah dhengkulipun badhe gethuk (kadddddos mangun aksara latin X); kosok wangsulipun wagah, yen mlampah dhengkulipun manjawi (kados mangun aksara O).
Sumengka pangawak braja (Tegesipun lugu : minggah kados angin ageng) = kumendel, kamipurun. Kadosta : sowan (marak) ratu tanpa dipun timbali.
Sumur lumaku tinimba = wong kang kumudu-kudu diguroni.
Tai manuk = enjet N, apu K (manawi dipun-sebutaken ing wanci dalu).
Tangan ceko = tangan bengkong ingkang boten kenging dipun leresaken.
Tangan kwaga = tangan celak semu bengkong.
Tapak dara = I.Namaning tetuwuhan. II Cagaking debog kelir ringgit.
Tapak jalak = Tandha (gambar) prasakawanan minangka lelintunipun tandha-tangan.
Tau tate ngrupak jajahaning mungsuh, ngelar laladaning rowang, mbedhah praja mboyong putri = tau tate nyiyutake wilayahe mungsuh, njembarake dhaerahe kanca ( dhaerahe ratune utawa bangsane) , ngalahake nagara liya lan mboyong para putrine.
Tawon endhas = tawon kang omahe gumandhul nganti sasirah gedhene.
Tekek mati ulone = wong kang ngalami cilaka amarga saka guneme dhewe.
Tesmak bathok = ora idhep isin (ora duwe isin).
Thathit ngima unthit = tegese lugu : thathit ana ing ima (mega) mobat-mabit. Maksude : panggedhe kang ngatonake panguwasane (bisa nggawe cilakaning andhahane).
Tigan kaapit ing sela = wong ringkih (wong apes, wong sekeng) lelawanan karo wong sentosa tur dibut loro.
Tigan kaapit ing sela = wong ringkih memungsuhan karo wong sentosa tur dibut loro.
Timun jinara (Tegesipun lugu : timun dipun-ebur) = pakarya ingkang gampil sanget.
Timun mungsuh duren = wong sekeng (ringkih) lelawanan karo wong sentosa.
Timun wungkuk jaga imbuh = wong bodho, kanggone manawa ana kekurangan.
Tinigas murdanya . Basa salah-kaprah, benere : tinigas jangganya = dikethok gulune.
Ula marani gitik = Kutuk marani sunduk.
Ulu-ati = pulung-ati.
Ulubalang Kw = panggedhening prajurit, senapati.
Uluguntung = cekel,cantrik,manguyu, jejanggan (yen wadon : endhang, abet-abet), kabeh iku muride (abdine) pandhita.
Ulu-uluning banyu = punggawa dhusun ingkang ngurus babagan toya.
Untune ngelar kombang = awarna ireng gilap kaya warnane elar kombang.
Wastra bedhah kayu pokah = ketaton nganti putung balunge. Wastra (sandhangan, jarit) pepindhaning kulit (daging), kayu pepindhaning balung.
Wastra lungsed ing sampiran = kawruh ilang jalaran ora tau kanggo.
Wedang lelaku tumper cinawetan = bocah karam jadah (dumadine amarga biyunge laku zina) dipepindhakake barang panas (wedang, tumper), disingkiri dening bocah-bocah. Tumper = kayu satengkel kang wis kobong saperangan nanging genine isih mengangah.
Wedang lelaku tumper cinawetan = bocah karam jadah disirik dening bocah-bocah liyane, amarga dianggep panas, pepindhane kaya wedang panas kang wutah lan mili, utawa kaya tumper kang isih ana genine diglundhungake. Tumper = tengkelan kayu kang ana genine menggagah. Cinawetan = ditrapi cawet. Cawet iku barang sembet ( bahan kang dienggo nutupi planangan (pawadonan) sarana diubedake ing bangkekan lan kaslusupake ing antarane wlakang. (wong Banyumas ngarani lancingan, sing lumrah nganggo lancingan wong lanang).
Wedhus diumbar ing pakacangan = pitik trondhol diumbar ing padaringan.
Wong lanang iku kudu katon dhadhane = kudu wani adu arep.
Wong wadon iku swarga nunut, nraka katut = begja cilakane wong wadon iku gumantung marang guru lakine.
Wong wadon utawa wong lanang kang abau laweyan, bojone ora dawa umure = ingkang mawa ciri lekiking singkap utawi ing epoking bau.
Wringin kurung = wringin ingkang dipun-pageri mubeng ing tengahing alun-alun.
Yen jiyarah ing pasarean (kuburan) lungguhe aja ana ing ulon-ulon, kudu ana ing dagan = aja ana ing papan kaprenah sadhuwure sirah, kudu ana ing sangisore sikil.
Yitna yuwana, lena kena = (yen) weweka raharja, (yen) pepeka bakal cilaka
Yuwana mati lena = wong becik bebudene ngalami cilaka, marga ora weweka.
Yuyu rumpung barong ronge = wong mlarat, nanging omahe njenggarang gedhe. Yuyu rumpung = yuyu kang gothang (prothul) sikile. Mbarong = amba njlegodhah.

Prajurit jogokariyo

Prajurit Jogokariyo dipandhegani dening priyagung kang pangkate Kaptein, dene pangkat kalenggahane Tumenggung. Umpamane: Bupati Anom Prajurit Wedono Jogokariyo asmane Raden Tumenggung Jayaningrat. Daleme ing Pugeran. Ageman Kaptein: topi songkok ireng diplisir bludiran kuning emas blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan bludru ireng dibludir kembang-kembangan lunglungan kuning emas, ing jaban klambi ngagem kamus bludiran kuning emas mompyor. Ngagem keris branggah (ladrang) bisa dianggar ing ngiringan sisih tengen dene kang sisih kiwa kanggo nganggar pedhang komandho. Ngagem clana panji-panji ireng bludiran, plisir kuning emas, lan jarit kaprajuritan (lerek parang gapit) supit urang, ing kiwa-tengene ngagem boro cindhe kembang gombyok gim kuning, kaos sikil ireng polos, sepatu pantopel ireng, nganggo dhasi kupon, lan kaos tangan putih.
Ageman kaya kasebut dhuwur iku yen pinuju ngayahi jejibahan gladhi resik ing Alun-alun Kidul. Dhek biyen para Kaptein nitih jaran ing sisih tengen barisan prajurit. Yen pinuju ngayahi tugas Grebegan, agemane ganti kaya kasebut ing ngisor iki:
Ngagem kuluk putih polos. Klambi bludru ireng sikepan bludir kembangan kuning emas. Ngagem dodot (kampuh) semen gurda latar putih. Ngagem lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran. Ngagem keris branggah (ladrang). Ngagem clana cindhe kembang gubet, selop ireng sunggingan, ngasta teken komandho.

Panji Jogokariyo
Panji Jogokariyo ciri-cirine mangkene: topi tempelangan rinengga sunggingan kuning kaya jemang wayang dhasar ireng kain kastup. Blangkon ireng wulung nganggo mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe-gedhe ireng putih, bludiran kembangan kuning mompyor.
Rangkepan hem warna oranye uga sineling strip kuning benang emas, lukisan lunglungan. Lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran kuning emas. Kiwa-tengen ngagem boro cindhe kembang gombyok gim mompyor. Keris branggah (ladrang) disengkelit ing buri geger. Nganggo sayak putih susun telu, rempelan, ing pinggir diplisir kuning emas. Clana panji-panji nutupi dhengkul dibludir kuning emas. Kaos ireng tumrap panji, dene yen jajar ora nganggo kaos tangan. Nganggo srempang kuning polos lan ngasta pedhang komandho.
Ciri-ciri abdidalem Jogokariyo asmane ing ngarep nganggo tembung Parto, umpamane Partonambur, iki penabuh tambur prajurit Jogokariyo.
Raden Panji Partowijoyo iki sing ngasta Panji Printah. Pembageyane lemah pekarangan uga padha kaya panji-panji liyane. Panji 4000 meter pesagi, Sersan 2000 meter pesagi, dene Jajar kurang luwih 1000 meter pesagi, mapan ing Kampung Jogokariyan, Kecamatan Mantrijeron, batas kota Jogja sisih kidul.
Sing ngasta Juaja Dara (gendera) agemane meh padha karo ageman Panji, ngagem krego srempang kuning malah kepara persis padha. Semono uga tumrap sersan bedhil (sela api) lan tumbak, topine sunggingane kuning, klambine ora dibludir kuning, polos kaya penganggo jajar. Jejibahane prajurit Jogokariyo sing baku tungguk kemis (caos) = ing papan-papan kang wis ditemtokake. Jenenge wae wis ngarani Jogokariyo: mesthine njaga keamanane yen ana parigawe.
Prajurit-prajurit iku mau pinangka rerangken upacara gladhi resik ing Alun-alun Kidul lan upacara Grebegan ing Alun-alun Lor, tugase ngurmati hajad dalem gunungan sarana ngedrel (salvo).
Blanjane ing saben sasi uga kaya prajurit liyane: Panji: f.10 perak dhuwit Walanda, Sersan: f. 5, gelo/perak, Jajar: f. 2,50 –seringgit.
Secara global ageman sasetel mangkene: topi tempelangan blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe putih. Rangkepan hem ing jero werna oranye. Clana lurik panji-panji. Lonthong (stagen) abang kamus ireng polos. Kaos sikil ireng polos sepatu pantopel. Saya putih rempelan pesagi dawa susun telu. Keris branggah (ladrang). Gegamane bedhil lan tumbak Sabregada cacah 80 jiwa (sagendera).

Juaja/Klebet
Juaja/klebete pesagi papat dhasar jambon, ing tengah plenthong bunder ijo. Jenenge: Papasan. Landheyan/waos: trisula. Instrumen: Slompret siji diasta M. Partoberdonggo. Tambur loro diasta M. Partopenambur lan Partotengoro. Suling loro diasta M. Partopermuni lan M. Partopengrawit.
Lambang gendera ora dijelasake maknane. Rerangken prajurit tekan saprene mujudake naluri lan ngipuk-ipuk kabudayan Jawa, mula mung kari nemu apa anane. Dene iringane gendhing, yen pinuju lampah macak: Slahgunder, lampah mares: Tameng Maduro.
Gendhing-gendhing kang ditindakake prajurit unen-unen saiki wis rada owah, amarga kurang tlaten anggone sinau nirokake iramane gendhing. Nanging lumayan isih ana kang bisa nerusake secara estafet marang generasi mudha.
Ature: KRT Yudodiprojo
JB 47/LX, 23-29 Juli 2006
Gamelan salah sijining seni musik tetabuhan tradhisional asal Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Isi gamelan iku piranti saprangkat alat musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti kapuloan Nusantara lan saiki malah wis kasebar warata nganti Amérika, Eropah lan tlatah liyané.
Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" maknané "tabuh

mbah marijan

Crita Nyalawadi Sakupenge Mbledhose Merapi

Anyar Katon, Flash - Posted by admin on Desember 8, 2010 Wiwit bledhos sepisanan Selasa 26 Oktober 2010 kepungkur, nganti saiki (2/11) Merapi terus aktif, kepara malah saya banter pamjebluge, nganti radius bahaya sing maune mung 10 Km dadi 15 kilometer saka puncak Merapi. Ora mung wedhus gembel (awan panas) kang muncul nalikane erupsi nanging uga dikantheni material vulkanik kaya awu, pasir, watu lan lahar ngakibatake kali-kali ing sakiter Merapi banjir material merapi, kaya kali ing Yogya, Klaten, Muntilan lan Mgelang, luwih-luwih bareng karo njebluge Merapi udan deres banget ing sakupeng gunung.
Kepala Pusat Vulkanologi dan Matigasi Bencana Geologi Badan Geologi Kementerian Energi dan Sumber daya Mineral Surono negasake manawa mbledhose Merapi dina Rebo (3/11) luwih gedhe kekuwatane tinimbang erupsi awal tanggal 26 Oktober kepungkur, iki bisa dideleng saka playune wedhus gembel sing nggayuh radius 9 km saka puncak Merapi. Sing aneh erupsine malah tanpa suwara banter kaya sing tanggal 26. Merapi sing mujudake gunung paling aktif ing Indonesia iki pancen akeh nggembol misteri. Vulume material sing di­toka­ke saka merapi nganti warta iki ditulis wis nggayuh 11 meter kubik, beda adoh karo nalika erupsi taun 2006 sing mung 2,3 yuta meter kubik. Surono nelakake Manawa erupsi pisan iki ora ana padanane, sing jenenge wedhus gembel mun­cul telung jam ora uwis-uwis.
Misteri
Tumrape wong Jawa, Gunung Merapi iku ora mung mu­­jud­ake sawijine gunung biasa wae. Nanging nduwe daya linuwih kang dipercaya minangka dadi pusere Tanah Jawa lan dadi kratone para lelembut. Mi­turut ke­yakinane pen­dhu­dhuk, Paseban–papan kang asring kanggo labuhan—sing du­mu­nung ing gumuk Ken­dhit ing pereng sisih kidul kuwi ora liya punjere Keraton Me­rapi. Kori utawa gapurane du­munung ing gunung Wu­tah. Dene Kinahrejo, desa persis sangisore puncak iku minangka plataran ngarep utawa alun-alune kraton Merapi. Sinebut kraton kajiman awit dhanyang kang nguwasani Merapi iku ora mung siji, nanging sanga, kabeh saben sijine duwe andhahan lan jejibahan dhewe-dhewe.
Kyai utawa Eyang Sapujagad kabiyantu Kyai Branjangkawat lan Kyai Krincingwesi nguwasani laladan kawah. Mbledhos lan orane Merapi dadi wewenange Kyai Sapujagad. Eyang Rama sarta Eyang Permadi, kekarone katelah Eyang Merapi, ngratoni lelembut utawa bangsane kajiman saindenge gunung Merapi, lenggahe ing Watu Garuda. Nyai Gadhungmlathi, tetungguling lelembut wedok, tugase njaga ilining banyu kang saka gunung kang mapane ana ing gunung Turgo. Prabu Megantara, senapati prajurit kajiman ayahane njaga iline ladhu (lahar) lan awan panas (wedhus gembel) murih ora akeh nuwuhake kurban sa­mangsane gunung Merapi reresik, mapane ana ing kawah Gen­dhol. Kyai Petruk, jejibahane ngelingake warga liwat ilapat utawa impen sawayah-wayah Merapi njeblug. Kyai Anta­boga, ngu­wa­sani sikile Merapi, ka­bantu jim-jim liyane njaga gunung supaya ora run­tuh. Kyai Wola-wali ngreksa korining karaton kajiman, lan Kyai Sapuangin tugase ngatur laku­ning angin.
Saweneh ahli ngandhara­ke, kon­sep kapercayan meng­kono mau nuduhake pola interaksi tembayatan antarane warga Merapi lan ekosistem alame. Kanthi mengkono bab-bab kang satleraman dinulu aeng lan nu­wuhake pitakon, bisa digoleki wang­sul­ane. Kaper­ca­yan kaya ngono uga nda­yani tuwuhe rasa aman kanggo tetep dedunung ing kukuban kono, kang kerep sinebut mbebayani saking kerepe Merapi krodha.
Ancaman njebluge Merapi ora mung arupa lahar menga­ngah, ning uga “wedhus gembel” utawa awan panas sing ku­wawa nggosongake desa saisen-isene. Ning padunung ing kono yakin nadyan Merapi temen-temen mbladhos, ora bakal ngrusak karatone dhewe. Nonton mapane, Gumuk Wutah kena sinebut saemper tameng saengga lahar ora mili marang padesan. Se­mono uga Gumuk Turgo, gunung cilik kuwi kacarita luwih tuwa, malah isih kapernah bibine Merapi, mula uga katelah Gumuk Bibi. Mbledhosa sakayange, Merapi kuwi dipercaya ora bakal nglumpati bibine dhewe.
Sajroning wektu sangang abad, Merapi mbledhos ora kurang saka kaping 110, ning racake sing dadi kurban malah padhusun­an sangisore Kinaharjo. Kacarita mbledhose sing hebat dhewe dumadi sewu taun ke­pungkur, ing taun 1006, sing nyabab­ake puluhan candhi ancur kurugan pasir lahar. Kedadeyan iki sateruse kerep katelah kadidene mahapra­laya sing nyebabake musnane sentra ka­bu­dayan Jawa kuna ing Jateng, lan Mpu Sin­dok banjur mindhahake kra­to­ne menyang pinggire Kali Brantas ing Jatim.

*Muncule sosok misterius*
Tekan saiki, warga Ngayogyakarta mli­gine, isih padha umyeg (heboh) kanthi ana muncule sosok (pawong­an)  misterius kang nemoni keluwargane Ponimin ing ngarep omahe sadurunge Merapi mble­dhos. Mitu­rut ature Ny. Yati/Hj. Poni­min kang diwa­wan­cari wartawan MetroTV durung suwe iki, ngandhakake menawa keluwargane bisa slamet saka panga­muke wedhus gem­bel amarga sadurunge mble­dhos ditemoni pawongan kang nyalawadi. Dene critane mangkene :
Sadurunge gunung Merapi mbledhos dina Selasa 26 Oktober 2010 kepungkur, H. Ponimin lan sisihane, Hj.Yati,  lagi padha enak-enak lungguhan sinambi omong-omong ing ruang tamu ing ngomahe ing dusun Kinahrejo utawa kurang luwih 100 meter saka omahe Mbah Marijan. Ponimin wektu kuwi nyekeli duwit Rp 25 yuta. Duwit kuwi nedya diwenehake sisihane supaya kanggo mbayar utang anggone bisnis kayu kehe Rp 15 yuta. Dene sisane sing  Rp 10 yuta, lagi wae arep dilebokake ing tas du­madakan ana swara gemuruh kang arahe saka gunung Merapi.
Ponimin lan sisihane banjur ngadek saka lungguhe. Dheweke banjur mlayu metu ana kebon mburi omah nedya njupuk godhong awar-awar lan dhadhap srep kang sasuwene iki godhong kasebut dipercaya bisa digunakake kanggo tolak-bala. Dene sisihane, Yati, banjur metu ana plataran omahe karo maca kitab suci Al Quran surat Al Kafi. Ya ing wektu iku, Yati di tekani sa­­we­nehe wewujudan misterius kang menganggo busana Jawa sarwa ireng. “Pawongan tuwa kang nyalawadi iku nganggo pakeyan Jawa sarwa ireng nga­deg ana ngarepe. Pawongan iku banjur printah supaya dheweke semingkir jalaran pawongan kuwi kandha yen nedya ngo­brak-abrik kraton Ngayogyakarta,” critane Ny. Hj. Yati marang GKR Hemas kang ne­moni ing papan pangungsene ing dusun Ngenthak, Kelurahan Umbulmartani, Ke­camatan Ngemplak, Sleman, Kemis (28/10) kepungkur.
Kanthi rasa gemeter, Yati banjur nduwa pepinginane pawongan tuwa gaib iku kanthi celathu “Aja,” kandhane Yati.
Pawongan nyalawadi kuwi banjur takon :”Ana apane  kowe kok  nganti mbe­lani kraton sing nedya tak obrak-abrik. Ya wis nek kowe ora entuk kraton bakal tak rusak, saiki papan kene wae sing bakal tak obrak-abrik,”
Bubar kandha mengkono kuwi pa­wongan nyalawadi kanthi geni kang me­ngangah ana samburine iku banjur ilang. Yati banjur mlebu ana ngomahe jalaran saka pucuking gunung Merapi dheweke weruh ana geni kang mangalad-alad binarung swara jemlegur mlaku mengisor kanthi rikat banget pindha lakune lesus. H. Ponimin dalah sisihane lan anak-anake uga banjur padha umpetan ana kamar njeron omahe. Hawa panas kang diiringi angin lan bledug wiwit nrajang desa Ki­nahreja. H. Ponimin lan anak-anake ban­jur padha ndhelik ana rukuh sing dienggo Ny. Yati. “Aku lan keluargaku bisa slamet saka pangamuke geni kang mangalad-alad ana sacedhaku. Payon omahku ilang kabuncang, lan kaca-kaca cendhelane padha pecah katrajang geni Merapi,” crita­ne Yati.
Merga latar lan dalan kurugan awu panas, Ponimin nglumpukake bantal cacah pitu lan sajadah. Barang-barang iku banjur di dadhekake “wot” (jembatan) kanggo liwat metu saka njero omah tu­muju papan sing aman. Ora adoh saka papan kono, dheweke ditulungi Tris, tang­gane sing uga slamet lan banjur diplayo­ka­ke menyang Rumah Sakit Panti Nug­roho ing Pakem. Rukuh sing nylametake nyawane H. Ponimin lan keluargane iku tekan saiki isih disimpen. “Wis ana sing wani ngenyang Rp 100 yuta, nanging du­rung tak wenehke,” pratelane Ny. Yati.
H. Ponimin lan keluargane saiki milih ngungsi ing omahe dokter Anna Ratih Wardhani ing dusun Ngenthak, Kalurahan Umbulmartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman engga saiki. Sasuwene ngungsi, dokter Anna kang tansah ngrawat (ngu­pakara) tlapak sikile H. Ponimin sing mle­puh merga kesamber geni Merapi, sa­engga tekan saiki ora bisa mlaku.
Tekan saiki Yati durung mangerteni, sapa setemene pawongan nyalawadi sing muncul sadurunge gunung Merapi mble­dhos. (Isti Nugroho).

Rabu, 08 Desember 2010

Bekakak

Bekakak punika salah satunggiling upacara tradhisi ingkang katindakaken dening warga masyarakat wonten ing wewengkon desa Ambarketawang, kecamatan Gamping.
Upacara meniko katindakaken setunggal taun kaping sapisan wonten wulan sapar, pramila bekakak ugi saged dipun sebat saparan.

Sajarah

Wontenipun upacara saparan utawi bekakak menika woten gandhèng cènèngipun kaliyan sajarah wonten ing Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat rikala Raja HB I. Nalika wekdal semanten Kraton Ngayogjakarta nggadahi abdi dalem Ki wirosuto, Ki Wirojombo Ki Wirodono,ingkang piyantun menika mujudaken abdi dalem kinasih.
Para abdi menika sedaya mapan wonten ing Pasanggrahan Ambarketawang,ananging Ki Wirosuto mboten purun wonten ing Pasanggrahan, piyambakipun saha brayatipun mapan wonten saklebetipun Guwa wonten ing Gunung Gamping.