Crita Nyalawadi Sakupenge Mbledhose Merapi
Anyar Katon, Flash - Posted by admin on Desember 8, 2010
Kepala Pusat Vulkanologi dan Matigasi Bencana Geologi Badan Geologi Kementerian Energi dan Sumber daya Mineral Surono negasake manawa mbledhose Merapi dina Rebo (3/11) luwih gedhe kekuwatane tinimbang erupsi awal tanggal 26 Oktober kepungkur, iki bisa dideleng saka playune wedhus gembel sing nggayuh radius 9 km saka puncak Merapi. Sing aneh erupsine malah tanpa suwara banter kaya sing tanggal 26. Merapi sing mujudake gunung paling aktif ing Indonesia iki pancen akeh nggembol misteri. Vulume material sing ditokake saka merapi nganti warta iki ditulis wis nggayuh 11 meter kubik, beda adoh karo nalika erupsi taun 2006 sing mung 2,3 yuta meter kubik. Surono nelakake Manawa erupsi pisan iki ora ana padanane, sing jenenge wedhus gembel muncul telung jam ora uwis-uwis.
Misteri
Tumrape wong Jawa, Gunung Merapi iku ora mung mujudake sawijine gunung biasa wae. Nanging nduwe daya linuwih kang dipercaya minangka dadi pusere Tanah Jawa lan dadi kratone para lelembut. Miturut keyakinane pendhudhuk, Paseban–papan kang asring kanggo labuhan—sing dumunung ing gumuk Kendhit ing pereng sisih kidul kuwi ora liya punjere Keraton Merapi. Kori utawa gapurane dumunung ing gunung Wutah. Dene Kinahrejo, desa persis sangisore puncak iku minangka plataran ngarep utawa alun-alune kraton Merapi. Sinebut kraton kajiman awit dhanyang kang nguwasani Merapi iku ora mung siji, nanging sanga, kabeh saben sijine duwe andhahan lan jejibahan dhewe-dhewe.
Kyai utawa Eyang Sapujagad kabiyantu Kyai Branjangkawat lan Kyai Krincingwesi nguwasani laladan kawah. Mbledhos lan orane Merapi dadi wewenange Kyai Sapujagad. Eyang Rama sarta Eyang Permadi, kekarone katelah Eyang Merapi, ngratoni lelembut utawa bangsane kajiman saindenge gunung Merapi, lenggahe ing Watu Garuda. Nyai Gadhungmlathi, tetungguling lelembut wedok, tugase njaga ilining banyu kang saka gunung kang mapane ana ing gunung Turgo. Prabu Megantara, senapati prajurit kajiman ayahane njaga iline ladhu (lahar) lan awan panas (wedhus gembel) murih ora akeh nuwuhake kurban samangsane gunung Merapi reresik, mapane ana ing kawah Gendhol. Kyai Petruk, jejibahane ngelingake warga liwat ilapat utawa impen sawayah-wayah Merapi njeblug. Kyai Antaboga, nguwasani sikile Merapi, kabantu jim-jim liyane njaga gunung supaya ora runtuh. Kyai Wola-wali ngreksa korining karaton kajiman, lan Kyai Sapuangin tugase ngatur lakuning angin.

Ancaman njebluge Merapi ora mung arupa lahar mengangah, ning uga “wedhus gembel” utawa awan panas sing kuwawa nggosongake desa saisen-isene. Ning padunung ing kono yakin nadyan Merapi temen-temen mbladhos, ora bakal ngrusak karatone dhewe. Nonton mapane, Gumuk Wutah kena sinebut saemper tameng saengga lahar ora mili marang padesan. Semono uga Gumuk Turgo, gunung cilik kuwi kacarita luwih tuwa, malah isih kapernah bibine Merapi, mula uga katelah Gumuk Bibi. Mbledhosa sakayange, Merapi kuwi dipercaya ora bakal nglumpati bibine dhewe.
Sajroning wektu sangang abad, Merapi mbledhos ora kurang saka kaping 110, ning racake sing dadi kurban malah padhusunan sangisore Kinaharjo. Kacarita mbledhose sing hebat dhewe dumadi sewu taun kepungkur, ing taun 1006, sing nyababake puluhan candhi ancur kurugan pasir lahar. Kedadeyan iki sateruse kerep katelah kadidene mahapralaya sing nyebabake musnane sentra kabudayan Jawa kuna ing Jateng, lan Mpu Sindok banjur mindhahake kratone menyang pinggire Kali Brantas ing Jatim.
*Muncule sosok misterius*
Tekan saiki, warga Ngayogyakarta mligine, isih padha umyeg (heboh) kanthi ana muncule sosok (pawongan) misterius kang nemoni keluwargane Ponimin ing ngarep omahe sadurunge Merapi mbledhos. Miturut ature Ny. Yati/Hj. Ponimin kang diwawancari wartawan MetroTV durung suwe iki, ngandhakake menawa keluwargane bisa slamet saka pangamuke wedhus gembel amarga sadurunge mbledhos ditemoni pawongan kang nyalawadi. Dene critane mangkene :
Sadurunge gunung Merapi mbledhos dina Selasa 26 Oktober 2010 kepungkur, H. Ponimin lan sisihane, Hj.Yati, lagi padha enak-enak lungguhan sinambi omong-omong ing ruang tamu ing ngomahe ing dusun Kinahrejo utawa kurang luwih 100 meter saka omahe Mbah Marijan. Ponimin wektu kuwi nyekeli duwit Rp 25 yuta. Duwit kuwi nedya diwenehake sisihane supaya kanggo mbayar utang anggone bisnis kayu kehe Rp 15 yuta. Dene sisane sing Rp 10 yuta, lagi wae arep dilebokake ing tas dumadakan ana swara gemuruh kang arahe saka gunung Merapi.
Ponimin lan sisihane banjur ngadek saka lungguhe. Dheweke banjur mlayu metu ana kebon mburi omah nedya njupuk godhong awar-awar lan dhadhap srep kang sasuwene iki godhong kasebut dipercaya bisa digunakake kanggo tolak-bala. Dene sisihane, Yati, banjur metu ana plataran omahe karo maca kitab suci Al Quran surat Al Kafi. Ya ing wektu iku, Yati di tekani sawenehe wewujudan misterius kang menganggo busana Jawa sarwa ireng. “Pawongan tuwa kang nyalawadi iku nganggo pakeyan Jawa sarwa ireng ngadeg ana ngarepe. Pawongan iku banjur printah supaya dheweke semingkir jalaran pawongan kuwi kandha yen nedya ngobrak-abrik kraton Ngayogyakarta,” critane Ny. Hj. Yati marang GKR Hemas kang nemoni ing papan pangungsene ing dusun Ngenthak, Kelurahan Umbulmartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman, Kemis (28/10) kepungkur.
Kanthi rasa gemeter, Yati banjur nduwa pepinginane pawongan tuwa gaib iku kanthi celathu “Aja,” kandhane Yati.
Pawongan nyalawadi kuwi banjur takon :”Ana apane kowe kok nganti mbelani kraton sing nedya tak obrak-abrik. Ya wis nek kowe ora entuk kraton bakal tak rusak, saiki papan kene wae sing bakal tak obrak-abrik,”
Bubar kandha mengkono kuwi pawongan nyalawadi kanthi geni kang mengangah ana samburine iku banjur ilang. Yati banjur mlebu ana ngomahe jalaran saka pucuking gunung Merapi dheweke weruh ana geni kang mangalad-alad binarung swara jemlegur mlaku mengisor kanthi rikat banget pindha lakune lesus. H. Ponimin dalah sisihane lan anak-anake uga banjur padha umpetan ana kamar njeron omahe. Hawa panas kang diiringi angin lan bledug wiwit nrajang desa Kinahreja. H. Ponimin lan anak-anake banjur padha ndhelik ana rukuh sing dienggo Ny. Yati. “Aku lan keluargaku bisa slamet saka pangamuke geni kang mangalad-alad ana sacedhaku. Payon omahku ilang kabuncang, lan kaca-kaca cendhelane padha pecah katrajang geni Merapi,” critane Yati.
Merga latar lan dalan kurugan awu panas, Ponimin nglumpukake bantal cacah pitu lan sajadah. Barang-barang iku banjur di dadhekake “wot” (jembatan) kanggo liwat metu saka njero omah tumuju papan sing aman. Ora adoh saka papan kono, dheweke ditulungi Tris, tanggane sing uga slamet lan banjur diplayokake menyang Rumah Sakit Panti Nugroho ing Pakem. Rukuh sing nylametake nyawane H. Ponimin lan keluargane iku tekan saiki isih disimpen. “Wis ana sing wani ngenyang Rp 100 yuta, nanging durung tak wenehke,” pratelane Ny. Yati.
H. Ponimin lan keluargane saiki milih ngungsi ing omahe dokter Anna Ratih Wardhani ing dusun Ngenthak, Kalurahan Umbulmartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman engga saiki. Sasuwene ngungsi, dokter Anna kang tansah ngrawat (ngupakara) tlapak sikile H. Ponimin sing mlepuh merga kesamber geni Merapi, saengga tekan saiki ora bisa mlaku.
Tekan saiki Yati durung mangerteni, sapa setemene pawongan nyalawadi sing muncul sadurunge gunung Merapi mbledhos. (Isti Nugroho).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar