Selasa, 14 Desember 2010

Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ing Gamping, Sleman


Upacara tradhisi ing wewengkon Kabupaten Sleman, DIY. Ingkang kelebet aset wisata kathah sanget sajoning setaun. Salah satunggalipun inggih menika Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ingkang mapan ing dhusun Modinan, Banyuraden, Gamping, Sleman. Upacara adat ingkang sampun lumampah atusan taun menika, kasunyatanipun taksih tetep narik kawigatosanipun para sanak kadang saking tlatah pundi kemawon.

Wiwit sonten, wonten sangajengipun dalemipun Mbah Demang sampun kebak tiyang cacah ewon ingkang sami rebat ngajeng saperlu nampi dum-duman kendhi ijo ingkang isinipun sekul gurih mawi lawuhipun ingkang awujud ketan tholo lan gudhangan ingang dipunwungkus ngangge ron pisang.

Saparipurna adicara dum-duman kendhi ijo lajeng dipunadani kirab pusaka saking dalemipun Mbah Juru Permana swargi ( rumiyin minangka abdi dalem saking Kraton Ngayogyakarta ) dhateng dalemipun Mbah Demang Cokrodikromo ing dhusun Modinan. Barisan kirab pusaka dumadi saking barisan cucuk lampah, sesepuh trah, gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, Jodhang sesaji, gunungan, kendhi ijo, sabregada prajurit padhepokan patran lan kagunan slawatan.

Saparipurna acara kirab, lajeng dipunadani srah-srahan gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, lajeng acara nyiprati toya suci, kalajengaken nglepasaken peksi dara. Wonten ing pucuking adicara slawatan, dipunwaosaken donga, lajeng acara siraman ‘trah’ kademangan Modinan kanthi ngangge toya suci ingkang kapendhet saking sumur Mbah Demang. Sasampunipun siraman trah rampung, lajeng gantosan para pengunjung sami rebat biyada saperlu badhe pados toya suci amargi kepengin pikantuk katentreman ing panggesanganipun lan katentreman ing kaluwarganipun.

(Kabesut saking: Panjebar Semangat. No. 14/ 2003. Kanthi ewah-ewahan sawetawis).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar